CITA-CITAKU
Mashela
Pasa Dyna
Jenengku
Sari, asal omahku Yogyakarta. Aku lahir saka keluarga sing sederhana banget.
Bapakku asmane Tono lan ibuku asmane Siti, aku nduweni adik loro lanang lan
wadon, jenenge Wahyu lan Ida. Kerjane bapakku yaiku dadi petani lan ibuku dadi
ibu rumah tangga.
Aku
saiki kelas 3 SMP nang salah siji SMP nak Yogyakarta. Jarak sekolah ku karo SMP
ku gak adoh sekitar sekilo. Beda karo aku adikku sing lanang iseh kelas 5 SD
lan sing wadon kelas 1 SD. Adikku loro karone sekolah e pada. Sak mbendino aku
budal sekolah numpak pedah budalku jam 6 luweh 15 menit, amarga sekolahku
cedek. Yen adikku budal e jam setengah 7 amarga jarak omah menyang sekolah cedek
banget, yen mlaku paling mung 5 menit.
Kat
cilik aku nduweni cita cita yaiku dadi Dokter,aku pengen banget dadi dokter
supaya aku isa ngewangi uwong-uwong sing loro. Tapi aku sadar yen dadi dokter
iku bayar e kuliah larang banget. Meski bapakku mung petani tapi aku bertekat
kudu iso ngewujud ake cita-citaku iki.
Sak
mbendino tangiku jam setengah 5, kegiatanku pertam sing tak lakoni yaiku sholat
subuh, bar kuwi aku ngewangi ibuku nyapu latar lan masak. Sak bare kuwi aku
langsung adus trus sarapan, mbendino lak ku sekolah mesti gowo bekal, supaya
sanguku isa tak tabungne di gawe tambah masuk SMA.
Nang
sekolahan aku termasuk bocah sing cerdas jare guru-guruku, aku mesti entok
rangking 3 besar. Tapi aku berusaha ogak ngetokne kepinteranku kuwi. Aku emoh
yen di pandang dadi uwong sing sombong. Nang sekolahan bangku ku karo Hani,
bocah e pinter lan meneng. Aku karo Hani wes konconan kawit nunggah SMP. Isuk
kuwi aku karo guruku di tunjuk makili sekolahku lomba Sains tingkat kecamatan.
Gak mikir suwi meneh aku langsung gelem. Aku nduweni pikiran yen aku menang
hadiah e isa tak gawe tambah mlebu SMA supaya gak nyusahne bapak lan ibuku.
Jam
wes nunjuk ake wayah muleh sekolah, bel sekolah yo wes muni. Aku langsung
menyang parkiran jumuk sepedahku. Sak wijining teko omah aku langsug ngomong
menyang ibuku yen aku di elokne guruku lomba Sains. Ibuku ndukung aku banget.
Sakwise kuwi aku sinau terus supaya aku isa menang. Ogak mung sinau tok aku yo
ndonga terus.
Dina-dina
wes tak lewati, lan dina iki wayahku melu lomba menyang kecamatan. Gak lali aku
nyuwun donga menyang bapak, ibuk,adikku kanca-kancaku lan guruku supaya lomba
ku lancar lan aku iso dadi juara. Jam 7 kuwi aku di terne guruku menyang
kecamatan aku ndredek banget tapi aku panggah berusaha tenang, supaya lakku
garap soal ora salah-salah.
Soal
wes di bagi, sak durunge tak bukak aku ndonga disek supaya lancar. Ora tak kira
aku iso garap soal e kabeh, kabeh sing tak pelajari metu kabeh. Nak njero atiku
seneng banget. Muga-muga hasil e pada karo sing tak karepne.
Lombane
wes mari, tekan omah aku cerito nang bapak ibukku yen aku mau iso garap soal e,
bapak ibukku berharap yen aku iso menang. Trus aku sholat berjamaah karo
keluargaku. Donga bareng supaya aku iso menang,
Senin isuk kuwi wayah e
upacara, koyok biasane aku baris nang barisan kelasku. Kepala sekolah ngaturi
amanat menyang murid-murid e lan pengumuman liyane. Ora tak kiro yen isuk kuwi
kepala sekolah ngumumake hasilku lomba Sains. Kepala sekolah ngumumake yen aku
menang lomba Sains tingkat Kecamatan, trus saiki aku kudu ngewakili lomba
tingkat Kabupaten.
Nak njero atiku seneng
banget amarga aku iso menang, kaya-kaya pengorbananku iki gak sia-sia. Aku
berharap yen aku iso menang lomba tingkat Kabupaten iki, supaya aku isa
ngebanggaake keluargaku. Lan iki slah sijine cara supaya cita-citaku terwujud.
Awan kuwi aku muleh sekolah, aku langsug matur menyang bapak lan ibu yen aku
iki menang lomba, podo koyo aku bapak ibuku seneng banget.
Dina-dina wes tak
lewati, saiki wayahku lomba menyang Kabupaten, aku wes ora ndredek meneh amarga
aku yakin karo kemampuanku iki. Aku yakin banget yen aku iso menang. Lomba wes
tak lewati saiki wayah e pengumuman hasil ku lomba, lan hasilku ngomongake yen
aku menang lomba iki. Aku seneng banget,akhire aku iso mbantu ekonomi keluargaku
iki lewat hadiah saka lamba. Bapak ibukku bangga karo aku.
Bulan bulan ngadepi
ujian nasional wes tak lewati saiki wayah e pengumuman, aku ndredek banget.
Hasil ujian wes dipasang nang gene papan pengumuman, aku mlaku rono lan ndelok
hasilku. Alhamdulillah hasilku ujian apik, berarti aku iso masuk SMA sng tak
cita-cita ne. Tapi yen aku masuk SMA kuwi aku ngasakake bapak lan ibiku amarga
bayar e larang. Meskipun aku wes mbantu titik lewat hadiah saka lombaku mau.
Bapak ibuku ngomong
menyang aku, yen aku kudu sekolah nang sekolahan kuwi. Lna akhire aku masuk
sekolahan anyar ku, melu ospek kaya pas SMP. Pada kaya wayah SMP ku nang kene
aku yo melu lomba-lomba, ora mung Sains tok aku melu lomba apa wae sing tak
isani. Lan saiki aku oleh bantuan saka
pemerintah, amarga aku termasuk anakke wong ora mampu. Nanging aku mikir yen
wong ora mampu yo kudu isa ngewujudake cita-citane.
Gak kerasa 3 tahun aku
sekolah nyang kene, saiki aku wayah e ujian nasional. Budal sekolah aku nyuwun
donga menyang bapak lan ibuku supaya ujianku iki lancar. Sak ulan sak wise uian
nasional wayah e pengumuman, ternyata aku lulus, lan kanca-kancaku liyane lulus
100%. Bariki wayah e aku mlebu kuliah, aku kudu isa mlebu nang kedokteraan
lewat jalur bidikmisi supaya ora mberatake bapak lan ibuku.
Pesyaratan sing tak
butuhake digawe mlebu menyang jalur bidikmisi wes tak lengkapi. Dina-dina iki
wayah e pengumuman yen aku kelebu opo ora. Allah iku pancen adil uwong ora
nduwe kaya aku iso masuk nang fakultas kedokteran, mungkin iki salah sijine
cara amarga aku lan keluargaku diangkat derajate. Kuliah iki tak tekun i banget.
Lan gak kerasa iki wayahku wisuda. Bapak ibuku nekani acara wisudaku iki kabeh
pada seneng amarga cita citaku iki iso terwujud.
Saka kene aku isa
mbantu uwog sing loro sing mbutuhake bantuanku. Aku bersyukur banget marang
Allah,mergakno cita-citaku iki wes kelakon. Aku yo iso mbantu biaya sekolah
adik-adikku. Saka kene aku nduweni pesen yen awakdewe nduweni cita-cita kuwi
kudu diwujudake, awake dewe kudu berkorban meskipun kuwi angel. Meskipun wong
ora nduwe kabeh ana jalane supaya cita-citane adewe kelakon.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar