Selasa, 08 November 2016

guyon maton



SMA RUJUKAN

Aku saiki sekolah ing SMA Rujukan. Jengenge ae SMA Rujukan berarti kabeh model pembelajarane kuwi dadi rujukan kanggo sekolah liyane. Dadi sekolah Rujukan iku enek penak e lan enek gak penak e, tapi antara penak karo ogak e akeh ohak e. Penak e yen sekolah ing sekolah rujukan yaiku adewe bangga amarga sekolah e dadi conto kanggo sekolah liyane. Tapi gak penak e akeh banget, salah sijine yaiku mulih e mundak sore, mendak miwiti pelajaran kudu literasi lan ijek akeh liyane. Tapi iki ngenani gurune, gurune iku ya enek sing penak banget sangking penak e akeh sing turu wayah pelajarane wong e, amarga lek enek bocah turu dijarne wae. Tapi yo enek guru sing gak penak, wong e ora tau mlebu kelas,ora tau nerangne, isine mung ngekeki tugas marang murite. Mosok iyo cara pembelajaran ngono kuwi di gawe rujukan. Arep dadi opo Indonesia yen kat mbesuk panggah ngeneki terus.




Mashela Pasa Dyna (20)

Rabu, 24 Agustus 2016

cerkak cita-citaku



CITA-CITAKU
Mashela Pasa Dyna
            Jenengku Sari, asal omahku Yogyakarta. Aku lahir saka keluarga sing sederhana banget. Bapakku asmane Tono lan ibuku asmane Siti, aku nduweni adik loro lanang lan wadon, jenenge Wahyu lan Ida. Kerjane bapakku yaiku dadi petani lan ibuku dadi ibu rumah tangga.
            Aku saiki kelas 3 SMP nang salah siji SMP nak Yogyakarta. Jarak sekolah ku karo SMP ku gak adoh sekitar sekilo. Beda karo aku adikku sing lanang iseh kelas 5 SD lan sing wadon kelas 1 SD. Adikku loro karone sekolah e pada. Sak mbendino aku budal sekolah numpak pedah budalku jam 6 luweh 15 menit, amarga sekolahku cedek. Yen adikku budal e jam setengah 7 amarga jarak omah menyang sekolah cedek banget, yen mlaku paling mung 5 menit.
            Kat cilik aku nduweni cita cita yaiku dadi Dokter,aku pengen banget dadi dokter supaya aku isa ngewangi uwong-uwong sing loro. Tapi aku sadar yen dadi dokter iku bayar e kuliah larang banget. Meski bapakku mung petani tapi aku bertekat kudu iso ngewujud ake cita-citaku iki.
            Sak mbendino tangiku jam setengah 5, kegiatanku pertam sing tak lakoni yaiku sholat subuh, bar kuwi aku ngewangi ibuku nyapu latar lan masak. Sak bare kuwi aku langsung adus trus sarapan, mbendino lak ku sekolah mesti gowo bekal, supaya sanguku isa tak tabungne di gawe tambah masuk SMA.
            Nang sekolahan aku termasuk bocah sing cerdas jare guru-guruku, aku mesti entok rangking 3 besar. Tapi aku berusaha ogak ngetokne kepinteranku kuwi. Aku emoh yen di pandang dadi uwong sing sombong. Nang sekolahan bangku ku karo Hani, bocah e pinter lan meneng. Aku karo Hani wes konconan kawit nunggah SMP. Isuk kuwi aku karo guruku di tunjuk makili sekolahku lomba Sains tingkat kecamatan. Gak mikir suwi meneh aku langsung gelem. Aku nduweni pikiran yen aku menang hadiah e isa tak gawe tambah mlebu SMA supaya gak nyusahne bapak lan ibuku.
            Jam wes nunjuk ake wayah muleh sekolah, bel sekolah yo wes muni. Aku langsung menyang parkiran jumuk sepedahku. Sak wijining teko omah aku langsug ngomong menyang ibuku yen aku di elokne guruku lomba Sains. Ibuku ndukung aku banget. Sakwise kuwi aku sinau terus supaya aku isa menang. Ogak mung sinau tok aku yo ndonga terus.
            Dina-dina wes tak lewati, lan dina iki wayahku melu lomba menyang kecamatan. Gak lali aku nyuwun donga menyang bapak, ibuk,adikku kanca-kancaku lan guruku supaya lomba ku lancar lan aku iso dadi juara. Jam 7 kuwi aku di terne guruku menyang kecamatan aku ndredek banget tapi aku panggah berusaha tenang, supaya lakku garap soal ora salah-salah.
            Soal wes di bagi, sak durunge tak bukak aku ndonga disek supaya lancar. Ora tak kira aku iso garap soal e kabeh, kabeh sing tak pelajari metu kabeh. Nak njero atiku seneng banget. Muga-muga hasil e pada karo sing tak karepne.
            Lombane wes mari, tekan omah aku cerito nang bapak ibukku yen aku mau iso garap soal e, bapak ibukku berharap yen aku iso menang. Trus aku sholat berjamaah karo keluargaku. Donga bareng supaya aku iso menang,                                                            
Senin isuk kuwi wayah e upacara, koyok biasane aku baris nang barisan kelasku. Kepala sekolah ngaturi amanat menyang murid-murid e lan pengumuman liyane. Ora tak kiro yen isuk kuwi kepala sekolah ngumumake hasilku lomba Sains. Kepala sekolah ngumumake yen aku menang lomba Sains tingkat Kecamatan, trus saiki aku kudu ngewakili lomba tingkat Kabupaten.
Nak njero atiku seneng banget amarga aku iso menang, kaya-kaya pengorbananku iki gak sia-sia. Aku berharap yen aku iso menang lomba tingkat Kabupaten iki, supaya aku isa ngebanggaake keluargaku. Lan iki slah sijine cara supaya cita-citaku terwujud. Awan kuwi aku muleh sekolah, aku langsug matur menyang bapak lan ibu yen aku iki menang lomba, podo koyo aku bapak ibuku seneng banget.
Dina-dina wes tak lewati, saiki wayahku lomba menyang Kabupaten, aku wes ora ndredek meneh amarga aku yakin karo kemampuanku iki. Aku yakin banget yen aku iso menang. Lomba wes tak lewati saiki wayah e pengumuman hasil ku lomba, lan hasilku ngomongake yen aku menang lomba iki. Aku seneng banget,akhire aku iso mbantu ekonomi keluargaku iki lewat hadiah saka lamba. Bapak ibukku bangga karo aku.
Bulan bulan ngadepi ujian nasional wes tak lewati saiki wayah e pengumuman, aku ndredek banget. Hasil ujian wes dipasang nang gene papan pengumuman, aku mlaku rono lan ndelok hasilku. Alhamdulillah hasilku ujian apik, berarti aku iso masuk SMA sng tak cita-cita ne. Tapi yen aku masuk SMA kuwi aku ngasakake bapak lan ibiku amarga bayar e larang. Meskipun aku wes mbantu titik lewat hadiah saka lombaku mau.
Bapak ibuku ngomong menyang aku, yen aku kudu sekolah nang sekolahan kuwi. Lna akhire aku masuk sekolahan anyar ku, melu ospek kaya pas SMP. Pada kaya wayah SMP ku nang kene aku yo melu lomba-lomba, ora mung Sains tok aku melu lomba apa wae sing tak isani.  Lan saiki aku oleh bantuan saka pemerintah, amarga aku termasuk anakke wong ora mampu. Nanging aku mikir yen wong ora mampu yo kudu isa ngewujudake cita-citane.
Gak kerasa 3 tahun aku sekolah nyang kene, saiki aku wayah e ujian nasional. Budal sekolah aku nyuwun donga menyang bapak lan ibuku supaya ujianku iki lancar. Sak ulan sak wise uian nasional wayah e pengumuman, ternyata aku lulus, lan kanca-kancaku liyane lulus 100%. Bariki wayah e aku mlebu kuliah, aku kudu isa mlebu nang kedokteraan lewat jalur bidikmisi supaya ora mberatake bapak lan ibuku.
Pesyaratan sing tak butuhake digawe mlebu menyang jalur bidikmisi wes tak lengkapi. Dina-dina iki wayah e pengumuman yen aku kelebu opo ora. Allah iku pancen adil uwong ora nduwe kaya aku iso masuk nang fakultas kedokteran, mungkin iki salah sijine cara amarga aku lan keluargaku diangkat derajate. Kuliah iki tak tekun i banget. Lan gak kerasa iki wayahku wisuda. Bapak ibuku nekani acara wisudaku iki kabeh pada seneng amarga cita citaku iki iso terwujud.
Saka kene aku isa mbantu uwog sing loro sing mbutuhake bantuanku. Aku bersyukur banget marang Allah,mergakno cita-citaku iki wes kelakon. Aku yo iso mbantu biaya sekolah adik-adikku. Saka kene aku nduweni pesen yen awakdewe nduweni cita-cita kuwi kudu diwujudake, awake dewe kudu berkorban meskipun kuwi angel. Meskipun wong ora nduwe kabeh ana jalane supaya cita-citane adewe kelakon.