SMA RUJUKAN
Aku saiki sekolah ing SMA Rujukan. Jengenge ae SMA Rujukan
berarti kabeh model pembelajarane kuwi dadi rujukan kanggo sekolah liyane. Dadi
sekolah Rujukan iku enek penak e lan enek gak penak e, tapi antara penak karo
ogak e akeh ohak e. Penak e yen sekolah ing sekolah rujukan yaiku adewe bangga
amarga sekolah e dadi conto kanggo sekolah liyane. Tapi gak penak e akeh
banget, salah sijine yaiku mulih e mundak sore, mendak miwiti pelajaran kudu
literasi lan ijek akeh liyane. Tapi iki ngenani gurune, gurune iku ya enek sing
penak banget sangking penak e akeh sing turu wayah pelajarane wong e, amarga
lek enek bocah turu dijarne wae. Tapi yo enek guru sing gak penak, wong e ora
tau mlebu kelas,ora tau nerangne, isine mung ngekeki tugas marang murite. Mosok
iyo cara pembelajaran ngono kuwi di gawe rujukan. Arep dadi opo Indonesia yen
kat mbesuk panggah ngeneki terus.
Mashela Pasa Dyna (20)